Monday, June 30, 2008

Batir Sing Bumiayu

Bahri, batir SD-ne enyong esuk-esuk mampir maring kantor. Jarene pan mampir maring kantor pusate sing perek karo kantore nyong. Kebeneran bosse nyong durung ana, dadine bisa ngobrol2 madan sue. Seneng nemen wis lawas ora ketemu bisa ndopok ngalor ngidul.
Sing aneh, waktu nyong ketemu karo Chirzun pertama kali ning Tajakar. Kebeneran aku sing Depok pan maring Gambir numpak Depok Express. Ning sepur iseng-iseng aku maca buku. Ora suwe krasa ana wong njagong ning sebelahe aku logag logog melu maca buku sing tak cekel. Krasa keganggu, nyong nglinguk tak delengi wonge, jebule si Ijun anake Pak Khayi, Pengempon. ya wis akhire crita-crita apa bae.
Ngrungokna critane jakwir-jakwir, dadi kemutan Helmi Zakaria, Dukuhturi. Gemiyen bocahe ngenekna/lucu. Ngomonge sokan ceplas ceplos. Salah sijine crita lagi ning SMAN Bumiayu, Talok. Ari maring sekolahan dheweke kadang-kadang numpak vespa-ne si Is kakange. Suatu saat Juneng, bocah Kalierang, pan melu mbonceng. Ding Helmi Junenge diomongi, "Neng, kesed ndisit rah!". Bocahan pada ngakak ngrungoknane. Raine Juneng langsung merkabak. Saiki akur maning mbuh ora kuwe bocah loro.
Sawise ndopok karo Bahri, ngrencanakna ketemuan karo kanca2 liyane. Mbene ngubungi bocah siji bae, ngatur waktune wis angel nemen. Masing-masing pada duwe acara dhewek-dhewek. Gemiyen tah ana arisan sing dianakna daning wong Bumiayu sing meranto maring Jakarta. sing olih arisan, wulan ngarepe dadi tuan rumah. Prinsipe sich sing penting bisa silaturahmi. Saiki tah angel nemen ngumpulna wong-wonge. Wis kakeyen neya sing manggon ning Jakarta lan sekitare. Nyong dhewek ngrasakna angel nganggo ngumpulna sedulur, saking akehe. Ketemune paling ari bada, kuwe gen sedelat. Sing ora ketemu ya akeh, wong balike maring Bumiayu ora bareng waktune.

No comments: